o

Cerita Lucu, Sarmo & Sarmi Goro-Goro Luru Bojo lewatt Fesbuk


GORO-GORO LURU BOJO LEWAT PESBUK

Sore iku Sarmo lagi numpak sepeda ontel, nggoleki omahe Sarmi, kenalan anyar oleh saka pesbuk..Rumangso kesasar, Sarmo langsung mbukak pesbuk..terusinbox-an nang akune FB Sarmi..


Sarmo : "Halo Yang Mi.. aku wis tekan daerahmu iki..Terus mlebu gang sing endi..?"

Sarmi : "Sing enek gapurane Mas, terus sampeyanlurus kira-kira 25 meter ono omah gedung tingkat apik,warnane biru, mobile akeh.."

Sarmo: "Siap..! aku wis teka kono.. iki omahmu to mi..?"

Sarmi : "Dudu Mas sampeyan belok kanan kira-kira 10meter ono lapangan badminton.. Lha sebelahe lapanganiku.."

Sarmo : "Pasti iku omahmu yo mi..?"

Sarmi : "Iku omahe tukang jahit Mas.. Lurus aemengko mari jembatan ketemu omah, ono tulisane ISIULANG PULSA lha iku.."

Sarmo : "Mesti iku omahmu khan..?"

Sarmi : "Iku jenenge konter hp, Mas.. sampeyan belokkanan ae, terus ketemu kuburan.. lha ngarepe kuburaniku.."

Sarmo (wis arep ngamuk) : "Omahmu Mi..?"

Sarmi : "Iku gerbang kuburan Mas.. sampeyan ojomlebu.. sampeyan belok kiri ae, mengko weruh peternakan bebek gede iku.."

Sarmo (kudu ngamuk temenan) : "Aaarggh..! Iku omahmuto..?"

Sarmi : "Aku dudu bebek Mas.. iku isih lurus terus....mengko ketemu alas.. ikuu.."

Sarmo (munthab) : "Iku omahmu Juuum...???!!!!!!"

Sarmi : "Aku dudu monyet Mas.. sampeyan lewatalaslurus terus, mengko ketemu masjid.. lha sebelahe masjidiku.."

Sarmo (emosi pwuol) : "Nek pisan iki ngomong duduomahmu..tak santet temenan awakmu Jum..!!!"

Sarmi : "hehehe.. sabar Mas, dadi wong kok ngamuk-an.. yo iku omahku.. wis ketemu durung Mas..?"

Sarmo (lego campur lemes) : "Iyo.. aku wis nang ngarepomahmu iki.. asyeem yo Ayang Mi.. gawe pegeleawakku.. Awas mari ngene, ketemu tak jiwiti sampeyan..hehehe.."

Sarmi : "Yo wis.. mlebu ae.. Ono emakku neng njero omah kok, Mas.."

Sarmo : "Lho kok malah emakmu sing dikongkonnemoni??? Lha awakmu nang endi Mi..???"

Sarmi : "Aku wis suwi nang Hongkong dadi TKW Mas.."
Sarmo langsung ndlosor nang suket kejet-kejet stroke'ekumat stadium pitulas...

Terus pye..... yo ra pye-pye

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel